LEGENDA DESA
MEJAGONG
Post WardaniMila dan
dipopulerkan oleh bp.Pri supriyanto
Ceritane
zaman kepungkur, kota pemalang dikuasani dening Bupati Tumenggung ingkang
gadahi asma SURADILAGA.Bupati mau gadahi 5 pembantu ingkang gadahi asama
2.
Mbah Lodra (Perbatasan kecepit)
3.
Mbah pengapit (Kecepit)
4.
Mbah Jongke (Kalimas)
5.
Mbah jebeng (Pegiringan)
Kanggo
ngelengkapi kebutuhan pengairan pertanian Tumenggung Suradilaga ngutus 5 pembantu
mau kanggo gawe saluran banyu sing ana ing desa Mejajong yaiku ana ing kali
Comal,Istilah mbiyen gawe saluran iku nyusuk kali,akhire hasile di arani kali
Susukan.
Sing
5 pembantu iku megawe kanti temenanan,amarga umpamane saluran mau ora dadi arep
di ancem dipotong gulune dening Tumenggung Suradilaga.Kanggo menuhi saluran iku
dianaake pembagian tugas yaiku 3 wong Mbah Nur Sigit,Mbah Lodra lan Mbah
Pengapit olih tugas kanggo nusuk bagian nduwur,yaiku desa Mejagong. Lan sing 2
yaiku Mbah Jongke karo Mbah Jebeng, megawe nang ngisor yaiku ing desa Kalimas.
Minurut
ceita Mbah Sigit sadurunge kerja gawe umah (dalem) kanggo ngelindungi sewaktu
kerja, ne waktu awan Mbah Nursigit ora kerja mung lelungguhan karo mangan
manggis, lan geti iwak go di gesek kanggo gawe nduwure (atap) umah. Umah kui
saiki petilasane ana ing Dukuh Manggis Daleman.Ing waktu awan mendadak utusan
saking Mbah Jongke teka lan keweruhan hasil kerjane Mbah Nur Sigit,amarga weruh
Mbah Nur Sigit ora kerja ters langsung dilaporna marang Mbah Jongke sing
maksude kwe Mbah Nur Sigit ora nurut karo Tumenggung Suradilaga,akhire Mbah
Jongke lapor marang Tumenggung Suradilaga.
Mbah
Sigit ngerasakna wirang marang Tumenggung Suradilaga lan Mbah Nur Sigit jengkel
karo Mbah Jongke amarga laporane mau.Amarga kuwi Mbah Nur Sigit jerja keras
saben wengi karo batine,sing akhire hasil giliane nganti jero lan amba,terus
mili banyune kanti deres nemen.Berhubung amarga pegaweane Mbah Jongke durung
rampung akhire banyune ora bisa mili maring ngisor dadiaken Mbah Jongke
ngerasakna isin marang Mbah Nur Sigit sing wis hasil,maka Mbah Jongke
ngetokaken tenaga batine kanggo nyimpangna banyu sing mili mau maring galin
sing lagi digarap.
Seteruse
amarga banyune ora mili-mili akhire Tumenggung Suradilaga Jengkel,lan ngutus
patih Sampun kanggo ngecek. Mbah Nur Sigit ngeras isin karo hasil kerjane sing
wis rampung nanging banyune durung mili,sing akhire Mbah Nur Sigit ngetokna
kesaktiane lan motong-motong oman di lebokna marang saluran sing uwis ana lan
akhire banyune mili,tanah sing durung digali teka maring daerah sing di tuju.
Pegaweane
Mbah Jongke drung rampung dadine mbah Jongke ngerasa isin marang perlakuane
Mbah Nur Sigit.Sawise pegaweanne rampung Patih Sampun ngadaeke pesta ana ing
Kademangan Kalimas.Ing pesta kuwi dianaake pertandingan ujungan,antara 2
pemimpin pada adu kekuatan.
Minurut
cerita ing adu kekuatan kuwi Mbah Jongke kalah.Karo balik maring umah Mbah
jongke ngetokake kata-kata anceman sing monine “ Awas anak keturunanmu (Mbah
Nur sigit) nek nginep ing Kalimas balike digotong. Akhire Mbah Nur Sigit mbales
omongane mau, anak keturunanmu ya pada,nek turu ing Mejagong balike digotong.
Akhir
cerita sedurunge Mbah Nur Sigit wafat,pesen yaiku:
1.
Tempat peristirahatanku kudu diwei aran Manggis Daleman
2.
Ing sekitar tempat istirahatku aja sampe nanggap wayang
3.
Anak cucuku ora kena turu ing kalimas apamaning geti jodoh.
Sampe
saiki pesene esih dilaksanaaken ing masyarakat desa Mnejagog.
Patilasannya teksih wonten ing Dukuh Manggis Daleman,lan setiap tanggal 1
Mukharom dianakna upacara selametan.
Lan
Petilasane Mbah Jongke ana ing Selatan Desa Kalimas ingkang disebut dukuh
Jongke lan ana Candi Jongke sing di anggap keramat dening masyarakat sekitare.
Makam mbah Nur Sigit ing Pemakaman Ds. Mejagong.Iku mau sekilas cerita asal
usul dukuh Manggis Daleman desa Mejagong.
DATA
KEPALA DESA YANG PERNAH MEMIMPIN DESA MEJAGONG:
§ SARKAM. Alm (1898-1906).
§ MARYAM. Alm (1906-1914).
§ ARBI. Alm (1914-1922).
§ SYARIAH. Alm (1922-1938).
§ SUMADI. Alm (1938-1939).
§ KADAR. Alm (1939-1986).
§ DAIL. (1986-2002).
§ HM.SUPARNO.SE (2002- 2012)
§ DARMO.Spd (2013-sekarang)
Narasumber
Mbah Marta Kasan Rt01/02 sebulan sebelum meninggal, diposting ke MFB oleh Irham
Hery Susanto berdasar Arsip Kantor Pemerintah Desa Mejagong
baca juga :
legenda pemalang
Trik cek kualitas Smartphone
Tradisi rabu pungkasan
baca juga :
legenda pemalang
Trik cek kualitas Smartphone
Tradisi rabu pungkasan

KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
BalasHapusKAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.